ASAL USUL NAMA DESA SELANDAKA

ASAL MULANE DIJENENGI “SELANDAKA” 
Jerene Mbaeh.....
Gemiyen, rikalane awal abad 17, nang sejerone alas ana wong sing agi berburu, Ki Ajar Tonggo jenenge. Nalikane weruh banteng, Ki Ajar Tonggo ora nyia-nyiakna kesempatan, langsung bae banteng kuwe mau diuber. Tlasap-tlusup nang njero alas, Ki Ajar Tonggo fokus meng kewan buruane nganti ikete kecanthel pang wit be ra krasa, sing penting ora ilang kewan buruane kuwe mau.
Akhire tekan pinggir kali banteng menclub. Ngerti banteng wis kepepek, Ki Ajar Tonggo langsung bae “menghunus” senjata andhalane, yakuwe cundrik (keris cilik). Cundrik diincerna meng banteng, wessss......, tepat sasaran.
Ketuncleb cundrik andhalan, banteng moh kalah kondhang. Banteng ujug-ujug malih dadi watu. Sungune, sing sebelah tengen dadi tumbak lan sing kiwe dadi keris.  
Bar njiyot tumbak lan keris “transformasi”ne sungu banteng, Ki Ajar Tonggo terus ngaso. Karo leyeh-leyeh Ki Ajar Tonggo banjur ngendika, “Mbesuk nek ana rejaning jaman alas kiye dadi desa, gep tek jenengi SELANDAKA”.
Selandaka asale sekang kata Sela (selo) sing artine Watu, lan Handaka (handoko) sing artine Banteng.
(bersambung...)

Sumber: Buku Mengenal Desa Selandaka Kecamatan Sumpiuh Kabupaten Banyumas, terbitan Kantor Desa Selandaka, tahun 1980.